hayooo...kowe rumangsa bisa maca aksara jawa kuwi? ora terima yen aku ngaku-ngaku pinter basa jawa kok njur sing tak pasang ora nuduhake yen web iki pantes kanggo rujukan? bingung?
padha karo aku cah...yen kowe bingung...aku uga bingung.
sing tak bingungake ora cara macane aksara ning dhuwur. tapi asal gambar/ aksara kuwi.
yen ora percaya, coba kowe klik gambar ngisor iki
apa coba sing metu sakwise kowe klik gambar iku?
wikipedia basa jawa
lagi santer-santere pemerintah nduweni gagasan ngilangi muatan lokal ana ing mata pelajarane siswa utawa murid sekolahan kok ya aku nemu web mancanegara sing sudi nguri-uri budaya jawa. apa pemerintah kih ora isin ? apa pemerintah kih ora kesindir? apa pemerintah memang arep sithik-sithik nggrogoti budaya lokal? lha wong yen toh pemerintah melu nguri-uri budaya sing ana ing tlatah Indonesia iki yo ora ana rugine, kok njur malah arep ngilangi.
aku kih heran, gek jaman aku cilik wae, wong tuaku wis mbiasakake aku ngomong, paling ora nganggo basa jawa alus karo wong tua, lha wis gedhe sithik kok aku ngalami, jebule akeh kanca-kancaku yen ngomong karo wong tuane nganggo basa ngoko. apa maneh generasi saiki. kaya-kayane BLASSS ora ngerti basa lan tata krama karo wong sing luwih tua
sing gawe isin, aku kok yo dianggep pinter basa jawa alus karo kanca-kancaku. padahal basa sing tak enggo kih jan ora apik.
aku luwih-luwih nggumun, tau krungu berita yen wong pengin sinau basa jawa, sing tingkatane S2 apa maneh S3, kudu lunga menyang BELANDA alias HOLAND.
lha suwi-suwi, bocah SD sing pengin bisa basa jawa kudu tur menyang MALAYSIA, ya'e kuwi kedadean sing bakal ana ing tahun 2020.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar