Akéh wong sing wis ngerti wayang....mung ngerti. kaya aku. wong-wong "londo" mbuh kuwi londo jepang, londo inggris, londo amerika, londo Jerman...wis pada ngerti, pada kenal wayang. apa manéh dewe iki. lha piye ora ngerti wayang? Lairmu, utawa uripmu, utawa wong tuamu jawa kan? senajan toh ora...aku yakin kowé pada karo aku...ngerti wayang. tapi menawa ana sing takon "wayang iki jenengé sapa ya?" -karo nuduhaké wayangan...ojo-ojo dewe ora bisa jawab. Hayooooo bener apa ora?
Wayang utawa basa terkenalé the shadow puppet sejatiné ora mung ana ning jawa. Ora mung duweké wong jawa. Mung yaaaa sing terkenal memang wayang kih yaaa jawa. maksudku yen wong nyebutna wayang, mesti wong kih nggathuk-nggatukaké karo Jawa. lha terus...yen nyebut wayang golék, nembe wong kepikiran Sunda. piye ora? sing terkenal wayang golek kan sunda toh?

wis pudare pengetahuan wong jawa karo sing jenengé wayang, memang wis mrihatinaké. piye ora? lha sing ngerti wayang saiki mung wong sing profesiné dhalang.
wong umum kaya aku? mbuh rak ruh....hehehe
tapi yo cah, tak critani. Aku pernah nonton wayang LIVE. weee lha dalah, jebulé yo apik. nyenengaké. senajan toh bapakku ngendikan "wayang saiki ora kaya wayang mbiyen?". njur tak sauti "lha pripun pak?"
bapakku nanggepi "mbiyen bapak nonton wayang kuwi ora sak jam rong jam kaya saiki. sak wengi muput (nganti isuk). Apa maneh wong-wing sing nonton. Antusias banget ora kaya bocah saiki"
sak pethil ngendikane bapakku, ning yo memang bener.
piye arep ngerti wayang menawa ora seneng nonton, ngrungokake, maca cerita wayang.
piye arep kejaga budayane yen ora gelem njaga. mengko yen ana negara liyane klaim wayang...nembe pada ribut, goroh...nesu ya suuu...
hehehehe
nuwun_lék paijo

Tidak ada komentar:
Posting Komentar